Mung orek-orek

 

MUNG OREK-OREK



Crita sithik saka buku Cathetan Saka Padesan sing gandheng-cenenge karo babagan aksara Jawa. Iki crita nyata sing dakalami, banjur daktulis ing buku kuwi sing irah-irahane Pawonku Ngalahake Hotel Bintang Lima. ”Aku nate diweruhi lelembut wujude putih dhuwur numpang ing sepedha montorku. Wektu kuwi taun 2009 sasine Nopember ngancik kurang luwih jam sewelas bengi. Aku ngedhep laptop (silihan saka sekolahan) nggawe orek-orekan nulis Aksara Jawa  (Buku kuwi anjur kasil kababar kanthi irah-irahan Panuntun Nyerat Aksara Jawi lan dienggo SMP ing Kabupaten Magetan taun 2010. Pak Rudi lan kanca-kanca MGMP kecathet ing buku kuwi.), lan rumangsaku kok seje banget ing pangrasa. Aku ngadeg nyawang mengulon, noleh ngiwa nengen. Banjur aku metu ing latare pawon, nyawang langit mung ana siji loro lintang. Aku banjur ngetik maneh, griming-griming ing githok saya krasa lan nalika aku nyawang ngiwa ana bleger putih mau. Jabang bayik aku ndonga sabisa-bisaku, aku gage mateni laptop. Sedina rong ndina aku yen ngetik ora nganti bengi, paling jam sanga utawa jam sepuluh aku wis mlebu ing omah”.

Taun 2009 kanggoku kaya lagi dhek wingi sore nalika ing acara Mbulan Ndhadhari, bupati ngendikan lan nyebut jenengku. Ya mesthi wae dheg rasaning ati. Apa surasaning pangandikan kuwi? Aku supaya nggawe acara kanggo gladhi nulis lan maca aksara Jawai ng Graha Pusat Literasi. Gek piye anggonku ngenyangi? Ngono batinku wektu kuwi.

Bali saka acara Mbulan Ndhadhari, aku banjur ngenam angen-angen. Wo iya aku rak nduwe buku Ajar Nulis lan Maca Aksara Jawa sing isih kesimpen. Mesem ngguyu lamb elan atiku, bebarengan lakune sorot lampu sing mecaki aspal Magetan Plaosan.

Sesuke aku kontak pak Budi Putra Jaya lan dakkirimi video bupati pas ngendikan. Wusana prasasat sikatan nyamber walang, cekat-ceket lan dhas-dhes. Sawise sowan bapak bupati lan nyaosi buku, aku matur kanggo ndalani pelatihan kudu ana buku. Banjur bapak bupati malah takon. Apa sing kudu ditindakake? Aku mangsuli supaya ngebel pak Suwata Kadin Dikpora supaya mbukak dalan kanggo lakune buku. Sawise kuwi aku sowan pak Agus Sunadi Ketua MKKS, lan pak Suwata Kadin Dikpora, Kejaba ngepasi sowan bapak bupati, anggonku sowan karo pak Kadi minangka KS Pendamping MGMP Basa Jawa. Nalika sowa bapak bupati aku ngajak pak Endro, pak Ganef, lan pak Budi Putra Jaya.

Wusana ing pertemuan MKKS, tanggal 4 Juli 2023 sing manggon ing SMP Negeri 2 Karangrejo, aku murwakani buku Ajar Nulis lan Maca Aksara Jawa. Aku blaka suta yen buku wiwit ana ing tahun 2021. Aku crita buku kanthi dikancani mbak Sukma lan mas Romi, mas Andi kora bisa teka lan mas Andri ngepasi priksa menyang Solo. Wektu kuwi pak Budi Putra Jaya uga ana, malah sawise sapatemon karo MKKS aku diajak menyang Nggandhu mangan panggang. Ya mesthi wae aku ora nolak.

Kanggoku buku sing dakaturake ing MKKS, iki nyusul buku geguritan Potret lan kumpulan cerita sekak Nalika Lumuh Nganggur. Kabeh iki kanggoku minangka salah sijine cara supaya bocah-bocah saya cedhak karo warisan leluhur ing babagan basa Jawa. Bocah aja nganti ilang jawane.

Ing kalodhangan sing kaya mangkono mau, apa ya lagi MGMP Basa Jawa sing bisa wawan rembug mbarengi MKKS? Embuh aku ora weruh. Sing genah ing tanggal 4 Juli 2023 kuwi dadi cathetan sejarah kanggoku. Mula iki mung wujud orek-orek kanggo pangeling-eling wae.