Mung orek-orek
MUNG OREK-OREK Crita sithik saka buku Cathetan Saka Padesan sing gandheng-cenenge karo babagan aksara Jawa. Iki crita nyata sing dakalami, banjur daktulis ing buku kuwi sing irah-irahane Pawonku Ngalahake Hotel Bintang Lima. ” Aku nate diweruhi lelembut wujude putih dhuwur numpang ing sepedha montorku. Wektu kuwi taun 2009 sasine Nopember ngancik kurang luwih jam sewelas bengi. Aku ngedhep laptop (silihan saka sekolahan) nggawe orek-orekan nulis Aksara Jawa ( Buku kuwi anjur kasil kababar kanthi irah-irahan Panuntun Nyerat Aksara Jawi lan dienggo SMP ing Kabupaten Magetan taun 2010. Pak Rudi lan kanca-kanca MGMP kecathet ing buku kuwi. ), lan rumangsaku kok seje banget ing pangrasa. Aku ngadeg nyawang mengulon, noleh ngiwa nengen. Banjur aku metu ing latare pawon, nyawang langit mung ana siji loro lintang. Aku banjur ngetik maneh, griming-griming ing githok saya krasa lan nalika aku nyawang ngiwa ana bleger putih mau. Jabang bayik aku ndonga sabisa-bisaku, aku gage maten...