AWARD ..... APA TA KUWI?



Dina Minggu tanggal 24 Juli 2022, ngepasi jagong manten ketemu salah sijine kanca sing kanggoku ora mekakat. Asmane pak Eko guru basa Inggris ing SMA 1 Magetan. Ing kono aku dicedhaki lan ditakoni banjur ngobrol ngalor ngidul, sinambi ngrungokake lagu saka grup musik sing ditanggap ing acara manten kuwi. Kaya adat sing kerep daknyangi, ing acara prasmanan sawise mangan aku mesthi njupuk ngombe kemasan arang banget aku njupuk  es buah utawa ngombe liyane. Karo nyekel gelas plastik kuwi aku nyoba aweh gambaran ngenani lakune babagan literasi sing saiki pancen wis nyemplung ing sadhengah literasi, tembung menterenge 'multi literasi'. Kahanan iki pancen wis katon ing Magetan, para relawan wis gumregah kanggo nyengkuyung lan jejege Magetan minangka Kabupaten Literasi.

Tan kocapa saka ngobrol ngalor ngidul tuwuh pitakonan, kok ora ana pangalembana marang pawongan sing kena diarani melu ngrabuk, ndhangir, lan nguripi anane literasi. Malah pak Eko uga menehi tenger Suprawoto Award. Kanthi blaka aku kandha yen ora dhong ngenani kuwi. Malah aku ora kepikiran nganti tekan samono. Amarga apa? Pancen aku emoh mikir babagan kuwi.  

Aku banjur kelingan nalika ing Arpus tanggal 1 April 2021 nalika kanca-kanca sing wis ngewangi nata Email Saka Jakarta lan Kadin Arpus sing anyar bisa sapatemon karo Bupati Suprawoto ing Arpus. Ing kalodhangan kuwi, aku nyaosi buku paket basa Jawa. Ya amarga saka ethoh kuwi banjur entuk piagam minangka pegiat literasi ing Magetan. Wektu kuwi bapak bupati ngendika yen ora bisa menehi apa-apa lan kanggo gantine arep ngijoli wujud barang, yaiku piagam. Kanca-kanca ya mung manut wae, ing angen-angen sanajan ta kertas bisa kanggo tenger.

Konsep tulisan sing kanggo piagam banjur takgawe lan rembugan karo kanca-kanca mbok menawa isih ana sing kurang pas. Sawise wis dirasa bener banjur takkirim menyang Bu Kris. Sedina rong dina nganti seminggu ganti sasi. Piagam durung dadi, malah aku krungu cerita saka bu Endang Arpus, nalika ngeterake buku ESJ menyang sekolahan-sekolahan lakune draft piagam ora kaya liwat dalan tol. Ruwet lan muleg malah cerita ragad kanggo salembare. Kamangka yen ngetung cacahe kertas mung pitung lembar lan ora nganti rong atus ewu. Aku ngandhahake yen ragad dadi tanggunganku nanging aku semaya dina Senen. Ya iki sing diarani jamur  nggo wedak pupur alias ajur mumur. Wusana dinane Senen nalika nerusake laku ngeterake buku ESJ ana kabar yen piagam wis ana solusine.

Aku lan kanca-kanca banjur ora mikir kapan dadine piagam kuwi amarga ya kelingan ruwet nalika ing Mediun, jare arep nampa piagam pegiat literasi kanggo Pak Joko, Pak Kadi, aku, lan Bu Sriyatun saka menteri PMK Muhadjir Effendy wusana wurung. Malah sing nampa Pak Edi Siswanto karo putrane. Saliyane kuwi nalika saka Arpus arep entuk bebana bebarengan karo Bedhah Novel Putra Daerah ing Surya Graha uga wurung. Kamangka kabar kuwi ya saka Pak Gatot minangka Kadin Arpus. Kanca-kanca takon, kok ora sida. Wangsulanku, “Embuh nda, gek arep nggo apa,” aku ngedhem ati. Kertas salembar sing aran Pegiat Literasi wis daklalekake, nanging sawise Pak Joko  nakokake kanggo tambah dokumen portofolio ing lomba Guru Berprestasi aku lagi nekokake maneh marang Pak Hardi Kadin Arpus, ora let suwe piagam kuwi dadi.

Piagam takwenehake kanca-kanca karo ngopi ing warung sor asem. Malah nalika aku krungu kabar yen arep ana peletakan batu pertama pondhasi Graha Pusat Literasi, aku ngusulake supaya ana acara kuwi piagam diserahake marang  Pak Kadi minangka tandha yen para pegiat wis entuk pangalembana. Nanging usul kuwi ora bisa kaleksanan, jare acarane wis padhet banget. Untu gingsul ditali lawe, entuk usul ning manut sing nduwe gawe.

Kanca-kanca liyane wis nggunakake piagam kuwi apa durung kanggo munggah pangkat, aku ora weruh. Nanging sing genah, kanggo dokumen pribadi ing Simpeg kertas kuwi wis bisa kanggo tengger. Piagam wujud kertas salembar bisa ndawakake cerita. Malah aku nggawe ucapan matur nuwun kanggo konten YouTube sinambi ngopi karo anak bojo ing Mbah Joe Resort. Kanca uga takkongkon nggawe lan banjur bisa kanggo konten. Ya mung emane YouTube Hujan Buku lagi masuk angin tanpa ana iklan wiwit sasi Mei 2022. Masuk angin amarga apa aku ora ngerti babar pisan. 

Balik marang isi irah-irahan, blaka wae aku ora dhong ngenani ngono kuwi. Isaku ngene, ethoh karo kanca sing ya padha-padha ora butuh “pengakuan” sanajan ya direwangi ngrogoh isine dhompet. Malah ing sadhengah acara kumpul bareng kaya-kaya ngadhepi padhas curi sing angel didhukiri. Nganti kapan? Embuh aku ora ngerti. Kamangka kala-kala yen ngepasi rembugan, sejatine ya wis jeru anggone rembugan. Nanging kok ya katone angel, apa ya anggone mlaku ora nyawang yen kala-kala ngelak lan luwe. Wangsulane sing genah .... ah embuh lan mesthi embuh kuwi nganti embuhhhhhhh.

Pancen sawise acara Mbulan Ndhadhari bisa digelar, patuta sirah cumpleng kanggo mikir kuwi. Malah aku nate crita marang pengawas sekolah yen anggonku dadi guru wis rusak amarga kakehan garapan njaba. Krungu kandhaku pengawasku mung mesem. Mesem sing kanggoku angel anggonku negesi. Malah nalika ana supervisi silang saka pengawas aku buk blas ora nggawe perangkat. Kamangka arane perangkat kuwi gaman kanggo mulang. Embuh aku kok blas ora nggape ngenani perangkat, sanajan anggonku mulang kala-kala seje karo kanca-kanca. Malah aku nate mulang kanthi bocah-bocah takajak ing emper kanthi mbukak materi saka YouTube sing ana ing Hujan Buku Chanel. Cara iki aku nate rada bengkerengan karo operator sekolah jare njalari lemot lan pasword wifi diganti. Ha ... ha .... apa aku diarani ngawur ya. Sepisan maneh ah embuh.

Apa sing daknyangi kuwi pranyata ana gunane. Tanpa nyana tanpa ngira, aku ketiban sampur ngisi data kanggo IGA (Inovatie Goverment Award) sekolah. Pak Jaini malah methuki aku ing ruang guru lan ngendika yen kanggo IGA aku sing ngisi. Arane wae ya mambu inovasi, mula cara anggonku mulang ing emper kuwi sing takenggo. Ana rancang bangun, tujuan, manfaat, poto minangka dokumentasi, uga biaya. Nanging amarga tanpa biaya data kanggo biaya kuwi kena dikosongi. Nanging data-data liyane, yen arep nyandhak isian liyane ana data sing kudu dijangkepi. Koplak ya mesthi wae koplak neng bathuk lan anggonku nggarap ijen.

 Anggonku mulang ing emper kuwi sejatine saka mangkele ati gara-gara nyikap pageblug. Kabeh kebagian sajam pelajaran saben mata pelajaran. Aku kudu mulang rolas kelas. Aku ngobrol karo sing mbaureksa sekolahan ora ana solusi. Kok ya ndilalah kersane Gusti Allah saka mangkel wusana ngawur sanajan pancen ana lelandhesan edaran saka Dikpora entuk sinau ing ruang terbuka. Mula emper sing takdadekake panggonan mulang. Malah aku nduweni rekaman video sing takunggah ing YouTube Hujan Buku lan Youtube sekolahan. Ha ... ha ..... ha …..

Telung ndina takgarap kanthi kirim data ing GF (Google Form). Nanging yen ngenani asil mathuk lan ora aku ora dhong.  Arane ati ya anyel, malah aku kandha karo Pak Hartono lan Pak Pur asisten kurikulum. Bedane kerja uteg lan sikil sing kari ngeterne bocah banjur entuk sangu. Hla aku sing meres uteg yen nggagas SPJ njur melu sapa. Wusana ora nyana ora ngira Pak Jaini tindak ing ruang guru lan nyedhaki aku lan ngelungi amplop isi dhuwik telung atus ewu. Alhamdulillah ..... Sanajan ya wusanane entek kanggo tuku baksone pak Gimin.

Orek-orekan iki mung kanggo crita wae, amarga ngenyangi printah nggawe Best Practice. Uji Kompetensi Kepala Sekolah blak kotang aku ora njawa, nanging amarga ketiban sampur nggawe tulisan ya kudu takcandhak. Garapan rampung lan biji metu angka 89 koma pira embuh aku lali. Aku mung ngguyu sawise krungu kabar kuwi. Ha …. ha ….. Mula yen keprungu ngendikane pak Eko mau, malah sing dakeling dhuwik telung atus ewu bisa nukokake bakso kanca-kanca sekolahan lan ajeg njaluk bonus saler udud bakule. Sapa bakule ya iku pak Gimin. Ha …. ha ……